CERITA MISTERI
NUNUT
Dening
: Ferdyansyah Karna’in
Sarampunge shalat
maghrib kaya biasane aku thenger-thenger neng ngarep omah sinambi nyawang
sakiwa tengene dalan dhusun Tegalsari sing katon sepi kaya biasane. Anane sepi
merga omah sing dak panggoni mau mapan ana ing cedhake tegalan sandhinge gumuk
mburi pondok pesantren Tsamaroturroudloh.
Sejatine omah mau dudu omahku dhewe nanging omahe pamanku sing ana ing
Banyuwangi. Nalika iku aku lagi wae patang sasi melu Paklik merga olehku pengin
nyoba pengalaman anyar mulang ana ing jaba kutha.
“Hlah, gek kowe ki
saben sore lungguh neng emper omah apa ora krasan neng kene ta le?”
Pitakone Bibiku
karo semu guyoni, bok menawa Bibiku ngerti yen kadhang kala aku thenger-thenger
neng ngarep omah merga kangen karo bapak lan si mbok sing neng Nganjuk.
“Boten kok Bik,
ningali niku hlo, codhot mangani woh keres, kok kathah sanget napa boten nate
enten sing nyekel terus disade?”
“Halah ya ora
enek! Sapa sing gelem nuku?” wangsulane Bibiku semu gumun.
“Hla biasane nggen kula ngrika dimasak damel jampi, ning kula piyambak
ngih dereng nate nyobi.”
Krungu
tetembungaku ngono mau Bibiku banjur guyu kepinggel-pingkel, jalaran neng desa
kono mangan codhot ora dadi lumrahe wong mangan. Ora let suwe HP sing sing dak
cekel muni “klinthing” dak jupuk
banjur dak waca jebul ana Watsapp saka kanca kantor sing ngajak metu bengi iku.
Gage wae dak bales dak kon ngenteni sedhela. Aku banjur menyat salin klambi, jupuk
helm njur pamit Bibiku.
Ora nganti sepuluh
menit olehku numpak sepedhah montor, wis tekan omahe kancaku, jenenge Kang
Ismuni. Anggonku nyeluk Kang amerga wonge pancen telung taun luwih tuwa
tinimbang aku. Kang Ismuni wis wolung taun dadi guru Teknik Sepedhah Montor ing SMKN 1 Tegalsari, yen dibandhingake karo
aku jelas aku isih juniore banget,
wong anggonku mulang neng Tegalsari durung ana sa semester wektu iku. Sawise
teka, montorku banjur dak parkir neng ngarep omahe, hla katepakan Kang Ismuni
uga lagi lungguh dhewekan ing emperan omah.
“Kari cepet ndo?,
ngebut tah awakmu mau?” Pitakone Kang Ismuni karo guya-guyu sajake ana sing
lucu.
“Mosok cepet kang?
Rumangsaku ya biasa wae ki olehku numpak montor mau.”
“Ketara nek lagi dhewekan neng omah gak enek gaweyan, diceluk langsung mangkat, hahahaha!
“hehehe, iya e kang, iki mau sajake arep ngajak neng
ndi kok dengaren yah mene nyeluk aku?” pitakonku karo semu ngarep-arep dijak
mangan sega bebek merga Kang Ismuni iku dhemen banget mangan sega bebek.
“Sega bebek ae awakmu ki, gak ngerti tanggal tuwek apa piye?! Ayoh
neng Telkom Genteng ae! Golet internet kanggo sinau, bek menawa aku lulus melu
SKB CPNS taun iki. Nek sampek aku lulus CPNS ndo, buru awakmu tak jak mangan
sega bebek sa mbledhose wetengmu.”
Krungu kandhane Kang Ismuni sing kaya mengkono
mau aku banjur guyu kemekel merga bayangake yen dheweke lulus banjur megawe
dadi Teknisi Bandara I Gusti Ngurah Rai neng Denpasar Bali, gek nganggo sragam
putih ireng rak katon manglingi. Nyawang Kang Ismuni sing kaya mengkono
mendahne ibu bapake rak ora kenal maneh, wong lumrahe bendina gupak oli karo
gemuk sepedhahh montor neng sekolahan.
Pandom jam wis
nuduhake setengah pitu sore, sawise cepak-cepak laptop lan charger aku
karo Kang Ismuni banjur boncengan numpak sepedhahh montor budhal tumuju Telkom
Genteng. Satemene yen gelem golek internet neng sekolahan malah kepara cedhak
tur gratis nanging amerga padha lancinge, saora-orane yen neng keramean bisa
ngiras oleh sesawangan cewek-cewek sing padha liwat. Watara limalas menit
olehku koyah gejibris neng dhuwur sepedhah montor karo kang ismuni, ora krasa
yen weruh-weruh wis tekan tujuwan. Aku banjur markir Sepedhah, pesen token internet 2 paket lan teh adhem 2
botol.
Bengi iku neng
Telkom katon singklu ora kaya bengi biasane. Niyat golek internet karo nyawang
cewek sing lewat malah babar pisan ora ana sing disawang. Aja maneh cewek, mbok-mbok
ndhewor ae ora ana sing lewat. Sesawangan ing dalan ora ana liyane kejaba truk
muatan karo bis-bis sing sliweran. Anggonku lungguh-lungguh karo Kang Ismuni
anteng banget nganti ora krasa wektu saya bengi. Dak sawang Kang Ismuni gur
bukaki Video ngenani mesin-mesin pesawat dene aku mung bukaki sosial media lan
kadhang kala ngundhuhi lagu-lagu India senenganku. Rumangsa wis kukut warunge
watara jam 23.30 dalu, Kang Ismuni banjur ngajak mulih. Sepedhahh montor sing
tak parkir ana ing latare kantor Telkom langsung dak tuntuntun metu njaba regol
bajur tak setater.
Sepedhah montor
dak tumpaki kalem-kalem amerga hawane adhem tur mata wis semu sepet. Nalika ing
tengah dalan Desa Gambiran kahanane ora kaya lumrahe, wengi iku katon sepi
baget ora kaya dina-dina biasane. Montorku dak gas luwih alon maneh merga
rumangsaku tambah adhem banget hawane tur aku ya klalen nganggo jaket. Kang
Ismuni uga meneng ae neng buri, kamangka Biasane Kang Ismuni akeh omonge, kok
iki meneng ae apa ngantuk bekne, batinku.
“Kang! Ngantuk ta?”
Pitakonku kareben Kang Ismuni ora meneng wae.
“Ora, aku Kebelet
Nguyuh, nek enek Mesjid mampir sik ndo!”
“Oke.. Siap!”
Ora let suwe
anggonku nyetir sepedhahh montor ana sisih kiwa dalan ana Mesjid gedhe sing
lawang regole ora dikunci merga kepetung anyar bangunane. Age wae montor dak
enggokne banjur Kang Ismuni langsung mlayu mengguri sajak wis ora kena diempet
angone kebelet nguyuh. Wengi iku kahanan Mesjid sepi banget amarga bangunane
kepetung adoh saka omahe warga. Kang Ismuni dhewe uga kalebu wong sing Jerehan
senajan dedege gedhe dhuwur, mula aku ya rada gumun kok wani mlayu mengguri
dhewekan tanpa ajak-ajak kon ngancani.
Rada suwe anggonku
ngenteni neng pelataran Mesjid, sajake kok ora rampung-rampung anggone Kang Is
angkrem neng jedhing, apa wedi balik, batinku. Amerga aku semu khawatir, aku
mudhun saka sepedhah montor banjur mlaku mengguri. Durung nganti tekan lawange
jedhing, Kang Ismuni wis celuk-celuk neng sandhinge sepedhah montor sing dak
parkir neng pelatarane Mesjid.
“Ndo! Ayok..! arep
Nguyuh tah awakmu?!”
“Ora, Sampean kok suwe temen neng buri mau arep
tak parani Kang. Hla samean mau lewat ndi kok weruh-weruh neng kene?”
Pitakonanku gumun.
“Ya mubeng buri pengimaman iku, wong ora enek
pager e.”
“Ya wis ayok ndang balik selak bengi, wis Kang!”
Sepedhah montor banjur dak gas alon-alon mlayu tumuju omahe Kang Ismuni.
Sadawane dalan
Gambiran kahanane saya adhem tur hawane uga tansaya anyles. Kang Ismuni katon
ngantuk banget nganti ora semaur yen tak jak omong. Ora let suwe watara jam
23.55 tengah wengi angonku numpak sepedhah montor wis tekan gang-gangan omahe
Kang Ismuni neng sandhinge bengkel servis AC kendharaan. Drung nganti menggok
mlebu gang, gegerku ditabok karo Kang Ismuni banjur dikongkon mandheg neng dalanan
mlebu gang omahe.
“Eneng apa ta
kang?” Pitakonanku gumun
“Wis neng kene ae,
aku tak mlaku mulih. Suwun ya wis dinunuti.” Kandhane karo mesam-mesem.
“Oh iya kang, aku
tak langsung balik selak gak penak karo Paklik Bulik yen mulih wengi-wengi
terus.”
“Iya ati-ati, besuk-besuk
maneh nek Malem Jumuah kuwi aja sok kluyuran ya!”
Krungu tembunge
Kang Ismuni sing kaya mangkono mau aku langsung mak dheg mak tratap, merga
pancen aku lali tenanan yen bengi iku malem jumuwah. Aku bablas mulih, sepedhah
montor tak gas banter kareben cepet tekan omah. Bareng tekan omah, sepedhah
montor langsung dak parkir lawang dak kunci mapan jero kamar. HP sing maune dak
seleh jero tas banjur dak bukak. Sepira kagete aku nalika neng HP ana 16 panggilan tak terjawab lan ana WA saka
Kang Ismuni sing unine “Kowe ki piye tah ndo? Wong aku sik neng jedhing malah
kok tinggal.” Diwenehi emote
nesu-nesu. Weruh WAne Kang Ismuni mau Awaku langsung lemes kaya ora bisa
ngapa-ngapa. Aku banjur mungah amben krukupan kemul, lam-lamen wong sing
dakgonceng mau lan rungon-rungonen tembunge “Wis
neng kene ae, aku tak mlaku mulih. Suwun ya wis dinunuti.” “Iya ati-ati, besuk-besuk maneh nek Malem
Jumuah kuwi aja sok kluyuran ya!”. Cuthel.
Banyuwangi, 8 November 2018
NAMA :NILA MA'LA FINNA WAFIL
BalasHapusKELAS :XIITKJ2
NO.ABS:14
Nama :Naila Lailatul Mubarokah
BalasHapusKelas :XII TATA BOGA 2
NO Absen:09
Nama: Lailatul Munawaroh
BalasHapusKelas: XII TBG2
No.absen:04
Nama :indana qurrotal ayun
BalasHapusKelas :XII TBG 2
No Absen:1
Nama:Linar Dwiyan Prasticha
BalasHapusKelas:XII TBG 2
No.Absen:05
(Lajeng pak ismuni kondur nitih napa pak?)
dijemput pak Andrik
HapusNama : Dwi putri ambar sari
HapusKelas: XII TBS 1
No abs: 18
Niku kata mengguri nopo maksud e memburi ngoten pak?
Betul
HapusNama : Moh. Kanzul Fikri
BalasHapusKelas : XII TKR 2
No absen : 34
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusNama : Dwi Sukmawati
BalasHapusKelas: XII Akuntansi 2
Absen: 1
Nama : Aulia Ayub Mudhafar
BalasHapusKelas : XII TKR 1
ABSEN : 17
Nama: Zatayu Dwi Oktaviana
BalasHapusKelas: XII TBG 2
No. Absen:33
Nama: Febiyanti
BalasHapusKelas: XII AKL 2
No.Absen: 11
Pertanyaan :
Pak Kula nyuwun pirsa, untuk aturan penggunaan kata hlo, lho kalih lo niku napa berbeda?
Sami mawon, Perbedaan teks sastra dan teks non sastra salah sijine ana ing panganggone basa, Teks sastra ora perlu migunakake basa baku,
HapusNama:Nila Febrianita
BalasHapusKelas: XII TBG 2
No Absen: 14
Nama : Dimas Khoirul Wafa
BalasHapusKelas : XII TKJ 1
No. Absen : 17
Nama :Rifta Qurrota aqyun
BalasHapusKelas:XII TKJ 2
No.absen:18
Nama : RINDA HIKMAWATI
BalasHapusKelas: XII TKJ 2
Absen: 20
Nama : Dewi Anjani
BalasHapusKelas: 12 TKJ 1
Absen: 12
Ada kata yang salah yaitu Watsapp seharusnya WhatsApp.
Untuk ceritanya menarik, tetapi akhir ceritanya membuat pembaca masih penasaran gimana kelanjutannya Kang Ismuni setelah ditinggal sendirian di masjid yang sepi.
Salah satu trik penulis adalah membiarkan pembaca diliputi rasa penasaran agar tertarik membaca karya selajutnya
HapusNama :Ahmad kholid
BalasHapusKelas:XII TKR 1
Absen:09
Nama :Muhammad Rafli Herlambang
BalasHapusKelas:XII TKJ 2
Absen:08
Niku penggunaan kata hlah,halah kalih lah nopo benten pak?
Sami mawon, penjelasan seperti diatas pada komen temanmu sebelumnya
HapusNama : sasa belina
BalasHapusKelas : XII AKL 4
Absen : 14
Ada pengulangan kata "sing" pada kalimat " Ora let suwe HP sing sing dak cekel muni "klinthing"....." jadi membuat kalimat kurang tepat, sebaiknya menggunakan satu kata "sing".
Salah satu typo yg perlu bapak perbaki
HapusNAMA :FAHMI IBRAHIM
BalasHapusKELAS:XII AKUNTANSI 2
ABSEN:08
PERTANYAAN:
Pak Niku penggunaan kata "boten" Sing bener nopo "mbonten"?
Lan penggunaan kata "besuk-besuk" Benere nopo "mbesok-mbesok"?
Yg benar Boten, pembunyianya otomatis mendapatkan bunyi anuswara, seperti kata
HapusBangorejo, Benculuk, Barurejo, secara otomatis mendapat bunyi anuswara M walaupun tida tertulis,
Dikemudian hari bahasa jawanya mbesuk,
Nama Alvin Firmansyah
BalasHapusKelas XII AK1
Absen 09
Ceritanya bagus
Plot twist ing pungkasan cerita lumayan ngena
Tidak ada saran dan pertanyaan yg saya sampaikan
Karena kebanyakan sudah di tanyakan
Asekkk
HapusNama : Aulia Fitri Himatul Arifah
BalasHapusKelas: XII TKJ 1
Absen: 10
Nama : Fais yulianto
BalasHapusKelas : XII-TKRO 2
No.absen : 06
Nama; Mohammad sadi Julianto
BalasHapusAbsen;01
Kelas:12 TKR 3
Cerita nipun bagus pak per,, nangeng kelanjutan seng terakhir Niku pripun? Seng njenengan bonceng Bali Niku wau senes pak ismuni?
Kurang luwih ngono, lan ya dudu manungsa
HapusNAMA:ERSABELLA SAFIRA
BalasHapusKELAS:XII AKL2
ABSEN:07
Ceritane sae..tapi penganggone kata..bapak kalih si mbok,kados e enten kalepatan.
...merga kangen karo bapak lan si mbok sing neng Nganjuk.
Leres e : ...merga kangen karo Bapak lan Si Mbok sing neng Nganjuk.
Matur nuwun,ngapunten mbok menawi enten kalepatan.
👍👍👍
HapusNama:Dhevi Ambarwati
BalasHapusKelas:XII TKJ 1
Absen:14
Nama : Hana Nabila Rizka
BalasHapusKelas : XII Akuntansi 2
Absen : 22
Assalamualaikum Pak Fer
Kula badhe nyuwun pirsa, panyeratan tembung "neng" ingkang leres punapa mboten "ning"?
Lan panyeratan tembung "telung" niku ingkang leres punapa mboten "telu"?
Masukan:
Ana sebagian panyeratan ingkang beda saka tembung "sepedhah" sing ditulis "sepedhahh"
Neng = Di
HapusNing = Tapi
penyebutan angka dalam. Bahasa Jawa jika angka di depan satuan maka mendapat bunyi ng
2 kilo = rong kilo
4 dina = patang dina
NAMA : AYU NURYANA ULFA
BalasHapusKELAS : XII AKL 1
ABSEN : 16 (BARU).
Ceritane sae, gampil dimangertosi ananging tasek enten sing salah. Tulodho ana ing kata kepinggel-pingkel. Kata kepinggel - pingkel niku lerese pripun nggh pak?
Salah satu typo ne pak fer
HapusNama: Della agustin ariyani
BalasHapusKelas:XII AKL 1
No.absen: 23(baru)
Nama : Desika Pamungkas
BalasHapusKelas : XII Akl 1
No.absen ; 24
Nama : PUTRI ADELIA POSUMAH
BalasHapusKelas : XII AKUNTANSI 3
Absen : 31
Pak kula nyuwun pirsa, pak sak banjure panjenengan dugi griya pripun perasaanne panjenengan ngertos niku sanes rencange panjenengan?
Adhem panas buyuten
HapusNama:Armin Ayu Nur Eka Sari
BalasHapusKelas:XII AKL 1
No. Absen:11
Nama:Adinda putri aprilia
BalasHapusKelas:XII AKL 1
No.Absen:01
Nama : Lutfi Indah Fitriani
BalasHapusKelas : XII Akuntansi 3
No. Absen : 01
Pak,kula badhe nyuwun pirsa,penggunaan kata "iya" lan "iyo" niku nopo enten bedane lan nopo enten aturan tartamtu?
Seje, panulisan sing bener Iya
HapusNama : Erma Fernanda
BalasHapusKelas : XII AKL 2
No. Absen : 06
Critane sae,lan plot twist ing pungkasan cerita cukup menarik.
Pertanyaan :
pak niku kangge nggunakake tembung "hla" lan "lha" nopo benten?
Jawaban SDA
HapusNama:Suhendra Andika
BalasHapusKelas: Xll AKL 4
No.Absen:21
Nama:Dela ayu agustina
BalasHapuskelas:XII AKL 1
No.Absen:22
Nama:Ardan Famula Putra
BalasHapusKelas:XII TKJ 1
No.absen:9
Mantep masio ra tek paham
Nama:Vina Ifnanu Masita
BalasHapusKelas: XII AKL 4
No.absen:24
Nama:pria agung pradana
BalasHapusKelas:XII TKJ2
No.absen:15
Critane samean sae lan lucu,niku tembung kamangka artinipun nopo pak?
Hus Panjenengan, marek materi bab siji kok
Hapuskamangka = Padahal
Nama. :Rizki Angga Kurniawan
BalasHapusKls. :12 TBSM 2
Absen.:26
Kocak pak critane😆
Gulung2 ta!
HapusNama :Mei Rissa Triana
BalasHapusKelas : XII Akuntansi 3
No absen : 10
Pak ,Kula badhe nyuwun pirsa penulisan "tuntuntun.." ingkang leres punapa mboten "tuntun"?
Iki apa tuntun?
HapusNama:Arya Rohman Kurniawan
BalasHapusKelas:Xll TKR 1
Absen:16
Nama:afrivia fatimah
BalasHapusKelas:12 Akl 1
Absen:02
pak kula badhe nyuwun pirsa, penulisan "hla" nopo kang leres "lha" utawi nopo pak? lan kata "tuntunun" nopo kang leres "tuntun"?
BalasHapusNAMA : NISA AULIA WULANDARI
HapusKELAS : XII AKUNTANSI 3
ABSEN : 27
Wangsulan sda
HapusNama: Dina Amalia
BalasHapusKls: XII AKL 1
Absen: 29
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusFormat komen :tembung koyah gejibris artinipun nopo pak
BalasHapusNama : Era Wahyuni
Kelas : XII Akuntansi 2
No.abs : 05
Ndopok omong2an seru
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusNama: Wahyu Illahi
BalasHapusKelas: XII AKL 4
Absen: 27
Assalamualaikum. Pak, kula badhe nyuwun pirsa, penulisan "tuntuntun" ingkang leres punika napa sanes "tuntun?", kalihan penulisan "hla" niku ingkang leres napa sanes "lha?"
Tanggapan e kula dumateng Cerkak niki: Ingkang kawitan kula pirsa sampul blog ipun panjenengan, kula mboten nginten yen cerkak e nipun temane nipun misteri, amargi sampul blog ipun panjenengan foto keluarga.
Masukan damel Cerkak ipun panjenengan: Ana sebagian kata-kata ingkang beda saking tembung "sepedhah" ingkang ditulis "sepedhahh". lan panulisan jeneng "sepedhah montor karo kang ismuni,..." sejatos ipun "sepedhah montor karo Kang Ismuni,..."
Wah masukan sae sanget, wangsulan pitakon sda
HapusNama: Aurelia Putri Salsabela
BalasHapusKelas: XII AKL 1
No. Absen: 13
Pak kula badhe nyuwun pirsa punapa tuntuntun menika sami kaliyan tuntun? Lajengipun kados pundi caranipun pak ismuni kondur?
Haoyo kira2 piye hayo iki knek digawe tutugan crita kanggo bocah2
HapusNama : AYU AGUSTINA
BalasHapusKelas :XII AKL 1
No. Absen : 14
ceritane sae, nanging apik e ceritane di sambungne nganti rampung supaya pemaos mboten taken kepriye kelanjutane
Ini saah satru trik penulis
HapusNama: Felina Rohimatul Ulya
BalasHapusKelas: XII AKL 2
No. Absen:12
Ceritonipun sae, nanging akhir ceritonipun kulo roso nggantung. Amarga mboten ngertos kepiye akhire pak ismuni saget kondur
Salah satu trik penulis membuat penasaran pembaca
HapusNama : Anggun Diah Fitriani
BalasHapusKelas: XII AKL 1
No. Absen: 10
Ceritane sae, lan alur e mboten saget ketebak kalihan pamaos, nanging enten pinten-pinten kata sing mboten saget kulo mengerti.
Aplikasi bausastra
HapusNama :Fanadina Natasya Putri
BalasHapusKelas :XII AKL 2
No. Absen :09
Assalamualaikum
Pak fer kula badhe nyuwun pirsa, artos tembung "mendahne" lan "kepetung" puniku menapa nggih pak?
Mendahe = Alangkah
HapusNama : Silfia Sukma Melati
BalasHapusKelas : XII TBG 2
Absen : 24
Pak fer Kula nyuwun pirsa
Sabanjure kedaden niku, pripun tanggapan saka pak ismuni?
Ya ora apa2 wong gur fiksi
HapusNama: PRASASTIE CAHYANING MARS
BalasHapusKelas : XII AKUNTANSI 3
Absen : 30
Assalamualaikum pak Fer
Kula badhe nyuwun pirsa kata "dak" kalih "tak" niku benten napa boten? Kula ningali basane pak Fer wonten sing damel "dak" nggih wonten sing damel "tak" Misale "banjur dak parkir" kalih "tak jak". Lan sakwise kejadian niku pak Fer wonten trauma napa boten?
Ngapunten menawi wonten kalepatan.
Maturnuwun pak Fer
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Sami mawon, keneng apa trauma
HapusNama: Alvi Nur Dina
BalasHapusKelas: XII AKL 1
Absen:08
Nama:surya maulana putra
BalasHapusKelas : XII TBG 2
Absen: 27
Nama : Diva ayu Kusuma Devi
BalasHapuskelas : 12 TKJ 1
absen : 19
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusNAMA : ALLAN DWI PRASTYO
BalasHapusKELAS :XXI TKJ 1
NO.ABSEN :06
NAMA :M.KHOIRUL ANWAR
BalasHapusKRLAS:XII AKUNTANSI 3
ABSEN:04
Nama :M.RIDWAN WIBISONO
BalasHapusKelas :XII TKJ 2
No. Absen :09
Nama : Almughnyroh nur Azizah
BalasHapusKelas : 12 Akuntansi 1
Absen : 07
Awal cerita kurang menarik karena tidak ada kesan mistis,tapi setelah dibaca sampai Ahir,ternyata ceritanya mengesankan😁😊
Jenenge, Deduktif
HapusNama: Dinda listya devi
BalasHapuskelas: 12 akuntansi 1
absen: 31
Nama:DIKY ARDIANSYAH
BalasHapuskelas:12 TKR 1
absen:25
Dan ternyata yang dapat saya pahami dari cerita tersebut bahwa Ojo metu dolan pas malam Jumat.
Nama:Dewi Nur Rohmah
BalasHapusKelas:XII TKJ 1
Absen:13
Nama : Nery Febriany
BalasHapusKelas : XII Akuntansi 3
Absen : 21
Pak kulo badhe nyuwun pirsa penulisan "hlo" niku nopo nggh
Wangsulan SDA
HapusNama :Nadia Sukmawati
BalasHapusKelas:XII AKUNTANSI 3
Absen:18
Nama:Devan Ady Nugroho
BalasHapusKelas:XII TKR 1
Absen:23
Nama: Rissela Khasa
BalasHapusKelas:XII Akuntansi 4
Absen:8
Ceritane sae,lucu dan ber plot twist
Kulo badhe nyuwun pirsa Pak,sawise kedadeyan kasebut, nopo Pak Fer isih metu ing wengi Jumuwah maneh kaleh Pak Ismuni?
Ya jelas isih to, wong iku fiksi
HapusNama : Rintan Anggraini Yunia Susanti
BalasHapusKelas :XII AKL 4
Absen :6
Nama :Nurur Rohmah Aprilia
BalasHapusKelas:Xll Akuntansi 3
No.absen:28
Nama : Yuhanida Qurotun Aini
BalasHapusKelas : XII AKL 4
Absen : 31
NAMA : MOHAMAD EKO ARIF SETIADI
BalasHapusNO : 05
KELAS : XII TKJ 2
buagus poll pak per🤭🤭
Nama:Dewi nur avita
BalasHapusNo : 16
Kelas: 12 tbg 1
Becik, Pak, critane njenegan ngemot macem-macem jinis, mula para maos ora bosen karo critane njenegan. ����
Nama: Erlina Agustin Dwi Ramadami
BalasHapusNo Abs: 25
Kelas: 12 tbg 1
Komentar: Bagus pak, tapi bagi saya endingnya si Kang Ismuni kok tidak jelas bagaimana kejadian setalah Kang Ismuni ditinggal, dan masih berada di masjid tsb.
Pertanyaannya: Alur dari cerita tersebut termasuk alur apa pak?
Nama:Iis Agustin
BalasHapusKelas:12 TKJ 1
Absen:25
Pertanyaan: kepriye nasib e pak ismuni sak wise di tinggal pak ferdi nang masjid
Nama: Mohamad Andi Ihwansah
BalasHapusKelas: 12 TBSM 2
No : 12
NAMA:NENINDA FAILZA
BalasHapusKELAS:XII AKUNTANSI 3
ABSEN:20
Ceritane pak fer sae banget,alur nggeh jelas lan saget dipahami.Nanging kulo tasek penasaran nasibe pak ismuni sing asli pak,kulo rantosi part 2 pak.
NAMA : NESA WINDI YANTI
BalasHapusKELAS : 12 TKJ 2
ABSEN : 13
Ana ngendi alamat mesjid kedadeyane pak?
NAMA :MOHAMMAD FAJAR ROSYIDI
BalasHapusKELAS :XIITKJ2
NO.ABS:06
NAMA: SINTA DELLA PUSPITA
BalasHapusKELAS: XII AKL 4
ABSEN: 17
NAMA :INDRIWATI CHRISTYANTI
BalasHapusKELAS :XII TKJ 1
ABSEN :27
Nama:DILLA FITRIANI
BalasHapusKelas:XII TKJ 1
Absen:16
Komentar:ceritanya bagus dan menarik
Nama:Ryo Calvindo
BalasHapusKelas:XII TKR 3
Absen:24
Nama : Ana Amilia Magfiroh
BalasHapusKelas: 12 TBS 1
Absen: 06
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusNama Rendy Aditya Saputra
BalasHapusKelas XII TKR 3
Absen 15
Nama : Sabrina Pinkan
BalasHapusKelas: XII AKL 4
Absen: 12
Nama : Jella ayu enggar ningtriyas
BalasHapusKelas: XII TKJ 1
Absen: 28
Nama : RIKI FEBRIANTO
BalasHapusKelas : XII TKJ 2
Absen : 19
Nama : Vivit Aprillia Turiantikasari
BalasHapusKelas : XII AKL 4
Absen : 25
Nama : Bayu R. Samudra
BalasHapusKelas : XII TKJ 1
Absen : 11
Nama : Lina Faizatul 'Izzah
BalasHapusKelas : XII TKJ 1
no.Absen : 32
Nama:santi aprinia
BalasHapusKelas:XII tkj 2
No absen:24
NAMA : FAIZ DWI REGHA AZIZI
BalasHapusKELAS : XII TSM 1
ABSEN : 26
Nama : Ahmad Febrian Dwiyanto
BalasHapusKelas : XII TKJ 1
Absen : 03
Ingin dina jumat iku luwih apik yen ora metu soko omah kecuali ana kepentingan kang ndadak
BalasHapusNAMA : Ro'isyatul Mu'amanah
BalasHapusKelas : XII AKL 4
No. Absen: 09
ceritae sae banget pak,Wiwitane aku mikir crita kasebut mboseni sawise maca nganti pungkasan, pungkasane corak banget.ora mung apik, nanging critane uga lucu, asipat deskriptif katon kaya pamaca sing ngrasakake kedadeyan kasebut.
Amanat
ojo biyasa metu ing wayah wengi yen ora ana sing penting lan waca luwih akeh donga kanggo ngindhari gangguan dedemit.
Nama : Endang Lestari
BalasHapusKelas : XII AKL 2
No.Absen:04
Yen dino jumat iku luwih apik yen ora metu soko omah kecuali ana kepentingan kang ndadak.
NAMA: FINA AWANISA ANIS
BalasHapusKELAS: XII TBS 1
ABSEN: 25
Ayoh neng Telkom Genteng ae! *Golet* internet kanggo sinau
Niku GOLEK nopo GOLET pak?
Nama: cindy Dwita Sari
BalasHapusKelas:XII akuntansi 1
Absen:19
Nama : Nadela Intan Rahmadani
BalasHapusKelas : XII TBS 2
Absen : 06
Critone apik,nanging endinge kang ismuni kurang jelas,kepiye carane kang ismuni muleh sakwise ditinggal ing masjid?
Nama :Indah Putri Cahyani
BalasHapusKelas :XII TKJ1
No.abs:26
Nama: Alfa renga vegar allubi
BalasHapusKelas:XII TBG1
no Absen:02
Nama : Heri Nur Hidayat
BalasHapusKelas: XII AKUNTANSI 2
No. : 24
Nasibe kang ismuni kepriye??
Nama : Devis afindra
BalasHapusKelas : XII TKRO 1
Absen : 24
Ceritone sae banget pak
Nama : Zitna hayatur rohmah
BalasHapusKelas : XII AKL 4
No absen : 34
Koyah gejibris niku nopo pak?
Nama: Derryl ramadhan
BalasHapusKls:12 TBSM 1
No Absen: 24
nama:yuni eka stianing tias
BalasHapuskelas:XII ak 4
absen:32
Nama: Reza Sulindia Fatikhatul Ilmiyah
BalasHapusKelas :XII AKL 4
Absen: 4
Banjur kang ismuni wau wangsule nitih nopo?
Nama: Alfiyah indah safitri
BalasHapusKlas: XII TBS 1
Absen: 3 (TIGA)
Nama: Ulil Azizah
BalasHapusKlas:XII TBG 2
Absen:31
Nama: dinda ayuliya fatra
BalasHapusKelas: XII AK 1
No. Abs: 30
Cerita panjenengan sae pak
Nama : Luluk nur laili
BalasHapusKelas: XII TBS 1
Absen: 34
Ceritane panjenengan sae bngd pak
nama: alvin nur prima rosadha
BalasHapuskelas: XII TKJ1
absen: 7
Nama :Natsya Rahmadhani
BalasHapusKelas:XII TKJ 2
Absen:12
Ceritane sae pak nanging endinge tasik nggantung dereng jelas,lajeng sakwise kedadeyan niku kepriye tanggapane pak ismuni yen panjenengan tinggal teng masjid?
Nama: KHASBULLAH
BalasHapusKelas: XII TBSM 1
No absen: 35
Pak Fer, pak ismuni terus gimana pak ketinggalan di masjid,kok tidak di hampiri lagi pak
Nama :Siti Wulandari
BalasHapusKelas:XII AKL 4
Absen:18
Ceritane sae pak... Niku saget dadi pelajaran, amargi niku kita ora oleh metu bengi bengi... Lek metu bengi ya kudune ngerti wayah...
Nama : Elma Wahyu Oktaviani
BalasHapusKelas : XII AK 2
Absen : 03
Ceritane apik banget, nanging menawi yen wayah wengi mboten ana acara seng penting banget luwih apik ng omah wae
Nama : Yenni Ika Febriyanti
BalasHapusKelas : XII TBS 2
No Abs : 32
Assalamu'alaikum,
Ceritane sae pak, niku wau ceritane nduweni plot cerita kang mboten angsal ditebak (plot twis). Sak banjure Kula wonten kaleh pertanyaan marang cerkak dening bapak Ferdi.
1. Tokoh utama 'aku' niku muinurut kula tasek wonten sing kirang pak, amergi mboten di jelasne utawa disebutne jenenge toko utama sinten, mung tokoh utama mau di celok ndo, pertanyaannya ndo itu nopo, sinten. Jelas kirang jelas kan pak?
2. Tasek wonten ta pak cerkak deninge panjenengan? (maklum pak saya suka baca cerpen nopo meleh seng misteri ngoten niki)
Nama :RATNA NADILA WATI
BalasHapusKelas :XII TKJ 2
NO.ABSEN :16
Nama : Reza Fitri N.S
BalasHapusKelas : XII AKL 4
No. Abs : 03
Pak bade tanglet, naliko njenengan nggonceng pak Ismuni padahal sanes pak Ismuni niku nopo mboten keraos wonten ingkang benten pak?
Nama : Putri Handayani
BalasHapusKelas : XII TBS 2
No. Absen : 14
Assalamu'alaikum pak
Cerkak ee sae pak, amergi kulo nggeh seneng cerito misteri ngoten niku
Nama : Rona Qonaatul Habibah
BalasHapusKelas : XII TKJ 2
No. Absen : 23
Ceritane sae pak wonten pambelajaran ingkang saget kapundut
Nama : Ratna Pramudianti
BalasHapusKelas : XII TBS 2
No.absen : 17
Assalamualaikum pak
Kula badhe nyuwun pirsa caranipun ndamel cerkakm lan mboten ngebosenni pripun pak ?
miturut kula cerkanipun sae pak,metu ing wayah wengi niku ora apa-apa,nanging kudu ngerti watesan wektu,luwih-luwih yen metu ing wayah wengi mung kanggo nongkrong/dolanan utawa nindakake kegiyatan sing kirang migunani tumrap awake dhewe.Yen ana kebutuhan penting sing mbutuhake metu ing wayah wengi,bidhal luwih awal lan yen minat pun rampung, langsung wangsul.
Ana sewengi sing disaranake nginep ing nggriya,luwih becik ora metu,mbahku nate ngendika yen dina Jumuah wengi luwih becik nginep ing nggriya,jarene yen dina Jumuah wengi wong-wong sing pun tilar donya bakal wangsul nemoni anake utawa putu lan nyuwun dunga.Babagan pernyataan kasebut,kula setuju kanggo ndedonga wong saka kulawarga/sedulur sing pun seda.
Kajaba saka pratelan niki,metu ing wayah wengi nduwe pengaruh sing ora apik,contone yen metu ing wayah wengi pengaruh sing ora apik ing kesehatan,gampang kesel amargi kirang istirahat lan uga ngindhari perkara sing ora dikarepake,kayata ngrampok, kacilakan utawa ngindhari perkara-perkara sing ora bisa kita ndeleng kanthi panca indera kita.
Saka crita misteri,piwulang sing bisa di pendet yaiku aja asring metu ing wayah wengi,yen ana minat sing mbutuhake metu ing wayah wengi,banjur bidhal luwih awal utawa awan nalika minat pun rampung,banjur langsung wangsul.Kanggo ngindhari perkara sing ora dikarepake uga kanggo kabecikan lan nyuda kuwatir kulawarga ing nggriya.
Ngapunten menawi wonten kalepatan
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Assalamualaikum pak
HapusKula badhe nyuwun pirsa caranipun damel cerkak menarik lan mboten ngebosenni pripun pak?
Nama : Regita Risma Anggrain
Hapuskelas : XII TBS 2
No.Absen : 18
Nama:Eka Febrinsia
BalasHapusKelas: XII TBG 1
No.Absen:22
Nama:Ulil Azizah
BalasHapusKelas:XII TBG 2
Absen :31
Nama: Nala Wafira
BalasHapusKelas: XII TBG 2
No. Absen : 10
NAMA :CINDI APRILIANA
BalasHapusKELAS XII TBS 1
ABSEN 14
Nama. : mukhamad nurhuda
BalasHapusKelas. : Xll AKL 3
Abn. : 16
Nama: givan galih pratama
BalasHapusKelas:XII TKR 2
Absen:17