Crita Misteri 2
TILIK OMAH
Dening :
Ferdyansyah Karna’in
Kira-kira wis telung riaya aku ora
ketemu karo bapak-lan ibuku merga pandhemi covid-19. Pamarentah ora ngolehi
masyarakat plesiran ana ing jaba kutha domisiline. Jenengku Riyan Hadi Prayitna
ning kanca-kancaku kulina nyeluk aku Nono, menawa wae amerga sesrawunganku ana
ing ibu kota. Kanca-kanca luwih kepenak yen nyeluk aku Nono merga keprungu rada
modern sithik. Dina iki aku seneng banget merga sasuwene telung taun ora balik
omah, dina iki pemerintah gawe kebijakan mudik terbatas, nanging ya iku, kudu
uwis vaksin dosis 2 lan kudu nuduhake
asil test rapid antigen dhisik
sadurunge lelungan.
Klambi lan barang-barang wis tak
koperi ora lali gawan utawa oleh-oleh saka Jakarta kanggo bapak lan si mbok wis
tak cepakake. Mendah senenge atine bapak lan simbok yen weruh anake mulih tekan
omah. Aku sengaja ora ngabari bapak lan simbok, pikirku supaya ora ngarep-arep
tekaku ning jebul langsung ana ing ngarepe mata. Koper tak geret mlebu menyang
bagasine taxi online banjur menyat budhal menyang terminal. Mudik taun iki aku
nyoba armada Bis malam sleeper
Jurusan Blitar pranyata bis sleeper iki rsane kepenak, bisa turu lan molet
sapenak udele dhewe merga pancen sheate
dirancang kanggo wong turu ijen tanpa gepok senggol kiwa tengene. Udakara jam
01.00 parak esuk bis sing tak tumpaki mandheg ana ing rest area tol Ngawi, aku tangi tumuju toilet merga wis dadi padatan
yen nglilir wengi mesthi neng jedhing. Sajake bis leren rada suwe, aku lungguh
neng caffe point nyruput wedang
larang sing segelas regane Rp. 30.000,- jenenge ya neng rest area tol apa ana panganan kang murah. Isih menakne awak karo
nglamun
“kepriye bapak lan simbok yen ngerti aku weruh-weruh tekan
omah, apa ora bungahi” kandhaku ing jero ati
Sanalika lamunanku buyar nalika
klakson bis wis ngebel bolak balik lan lampu kendharaan ngarepku nyentrong nyorot
mripat. Aku kaget banjur keplayu nututi bis kang wis arep budhal untung wae
ketututan, aku banjur munggah lan bali menyang papan paturonku ing jero bis.
Saking kesel lan ngantuk anggone perjalanan aku langsung kesirep ing sheat ku mau.
Esuk nalika srengenge jedhul bis
sing tak tumpangi mandheg ana ing Wlingi lan langsung wae aku mudhun, jilalah
kok ya akeh sing mudhun kono ora mung aku, koperku tak jupuk saka bagasi banjur
aku leren sedhela ing halte pinggir dalan. Katon ana wong wadon tuwa nunggu
kendharaan umum samba gawa senik adhah dagangane, tak sapa lan tak takoni
“Badhe tindak peken mbah?” sajake
kok ora nyaut apa wis tuna rungu pikirku,banjur tak tinggal ngalih karo tak
aruh-aruhi maneh “manga mbah kula rumiyin!” panggah ae ora nyaut, walah ya tenan
wis tuna rungu. Aku mlaku mulih menyang omah merga ya adohe omah saka dalan bis
mung 100 meter mlebu gang. Anggonku mlaku alon-alon, mripat isih rada sepet merga
lagi wae tangi turu gek durung raup barang. Saka kadohan kok katon rame-rame
neng omahku ana apa batinku, tangga-tanggaku kokya padha cangkruk ing jaba.
Saiba kagete atiku nalika ngerti
yen neng ngarep omah ana tong, pendhusa,
lan paying sing biasane kanggo ngeterake mayit. Sanalika awaku lemes pikiranku
langsung keplayu marang bapak lan simbok, balung sikilku rasane kaya ceklek ora
bisa ngadeg. Kok kaya mangkene pacobane telung taun ora bisa ketemu bapak lan
simbok bareng mulih kok kaya ngene. Kanthi laku sing ora pati kuwawa tak
cedhaki lawang omah, sanalika aku keprungu suwarane bapak lirih maca Tahlil lan
Yasin, pikiranku malik neng simbok, aku bengok banter nyeluk simboku samba mlebu
lawang omah. Kaya ngapa kagete aku nalika aku weruh simboku nangis sesenggukan ing
ngarepe mayit sing ditutupi jarik parang.
Pikiranku langsung goncang ra
karuwan, njur sing mati iki sapa? Bapak ana ngarep, simbok ana jero omah
kamangka dulur-dulurku ya ora ana sing saomah karo bapak lan simbok. Buntu lan
ora nemu nalar pikirku,bingung lan ora bisa gathuk-gathukne, aku lungguh ana
ing pojok omah gondheli rambut lan nyekel bathuk. Ana pawongan kang demok
pundhakku lan ngomong “Setuhune sira uwis mati, iki awit welas asihe Gustimu kang
menehi wektu kanggo sliramu supaya bisa ketemu lan nyawang bapa lan ibumu
kanggo pungkasan.”
“Sliramu eling nalika nglamun wektu
leren ing rest area tol? Ing wayah iku satemene ana truk kang ora sengaja
nambrak papan anggonmu lungguh ing kono, lan sliramu wis dikersakake kapundhut
ing kono. mula pati ora dinyana lan dikira tekane, menawa sliramu dhewe uga ora
ngrumangsani yen sejatine uwis nemoni pati. Saiki sing bisa dadi kancamu mung
ngamalmu sasuwene ana ngalam donya. Ayo dak dherekake wangsul sowan marang kang
nguripake sliramu.” (cuthel)
Komentar
Posting Komentar