Crita Misteri 2
TILIK OMAH Dening : Ferdyansyah Karna’in Kira-kira wis telung riaya aku ora ketemu karo bapak-lan ibuku merga pandhemi covid-19. Pamarentah ora ngolehi masyarakat plesiran ana ing jaba kutha domisiline. Jenengku Riyan Hadi Prayitna ning kanca-kancaku kulina nyeluk aku Nono, menawa wae amerga sesrawunganku ana ing ibu kota. Kanca-kanca luwih kepenak yen nyeluk aku Nono merga keprungu rada modern sithik. Dina iki aku seneng banget merga sasuwene telung taun ora balik omah, dina iki pemerintah gawe kebijakan mudik terbatas, nanging ya iku, kudu uwis vaksin dosis 2 lan kudu nuduhake asil test rapid antigen dhisik sadurunge lelungan. Klambi lan barang-barang wis tak koperi ora lali gawan utawa oleh-oleh saka Jakarta kanggo bapak lan si mbok wis tak cepakake. Mendah senenge atine bapak lan simbok yen weruh anake mulih tekan omah. Aku sengaja ora ngabari bapak lan simbok, pikirku supaya ora ngarep-arep tekaku ning jebul langsung ana ing ngarepe mata. Koper tak ...