Wedang Kopi sadurunge Probowangi

 

WEDANG KOPI SADURUNGE PROBOWNGI

Dening : Ferdyansyah Karna’in

 


Paribasane kaya mblebes, dipepe ora garing dikum ora teles. Pedhal gas montor tuwa kang dak pancat sajake kaya ngejak gasakan, dipidak rada jeru keplayu diculke alon-alon mesine mati. Ya ngono iku cobane yen numpak montor tuwa. Senajan tuwa ning yen urusan irit aja ditakonake maneh, juwelas irit pol yen ditandhingake montor- montor liyane produksi anyar sing saiki akeh sliweran ana ing dalan.pancene awan iku mendhung ya rada peteng lan samar yen udan, mula aku luwih milih gawa montor Panther tuwa tinimbang kodanan. Awan iku adhi ipeku ngabari yen mulih, kira kira kretane jam 12 awan lagi tekan setarsiaun. Sebisane aku budhal teka omah jam 10 esuk kareben adhiku ora nenteni suwe yen tekan setasiun. Adhi ipeku iku megawe ing Jakarta pusat. Sawise dheweke lulus saka Jember dheweke langsung megawe ing perusahaan E-Comers. Dina iku dheweke ngabari yen arep mulih merga kebijakan perusahaan sakabehe kariyawan diwajibake WFH merga isih mangsa pandemic covid-19.

Udakara jam 11 awan aku wis tekan setasiun, montor tak parkir paling ngarep dhewe supaya mengko yen bali ora kalangan montor liyane. Sinambi bukak kaca cendhela aku takon marang juru parkir “Pak, Probowangi dugi jam Pinten?”,

“kira-kira nggih jam 12 mangke mas.” Wangsulane juru parkir karo ngelungake karcis. Sinambi nunggu tekane adhiku aku banjur lungguh ana ing warung kopi pojokan setasiun sing cedhak karo loket pengiriman barang Kereta Api. Aku pesen kopi panas segelas, pikirku karo nunggu adheme rada suwe kareben ora entek-entek nganti Sepur sing ditumpangi adhiku tekan stasiun Kalisetail kene. Let setengah jam rombongan wong-wong sing nyusul keluargane padha pathing jredhul teka ing platarane setasiun. Ana sing numpak sepedah motor, ana sing numpak montor lan uga ana sing gawa pickup.

Katon ana montor anyar tur kinclong parkir ana ing ngarepanku, kayane iku rombongan sakluarga sing metu saka montor. Rombongan mau banjur melu mlebu warung lan salah siji penumpange milih langsung lungguh neng sandhingku tinimbang pesen lan milih-milih panganan luwih dhisik. Bek menawa ngerti yen aku lungguh dhewekan butuh kanca sajake. Aku manthuk lan manggakne banjur piyambake uga manthuk lan ngenggihi. Katon saka kadohan wong sing neng jero nakoni “ arep ngombe apa sampeyan?” banjur dijawab “Kopi Mawon.”

Kaya umume wong Jawa senajan ora nate kenal ning yen lungguh jejer prayogane ya kudu nindakake pacelathon.

“Mapag nggih pak?”

“Nggih” piyambake ngomong rada pekewuh.

“Paring Asma Sinten bapake?”

“Kula Tohari, mase sinten?”

“Kula Riyan ,sing dugi napa rombongan niki kok sajake beta montor ageng?”

“alah boten mas, naming mapag estrine bapake niku” samba nuding wong sing nawani ngombe mau, “kula niki sopir mas, ibuke kundur saking Surabaya niki mapage sekalian sekeluarga.”

“Hla Pidalem wonten pundi ta pak?” pitakonku

“Genteng mawon ngriki, tapi nawi kula asline Wadung, kula medamele nggih ten bapake niku.” Wangsulane sajak semu sungkan.

“Hlah, Jenengan Wadhung Pak?”

“Wadung Tulungrejone mas, kula medamel ten nyopir nggih nembe-nembe niki.”

“Hla saderenge medamel ten pundi pak?”

“Saderenge nggih ten Bali mas, ten biro wisata ning saniki perjalanan wisata radi seret musime niki, kathah pengurangan pegawai, termasuk kula saniki nggih dilereni.” Sajake piyambake ngudarasa sithik semu sambat.

Satemene pandemi Covid-19 iki ora mung dirasakake saperangan uwong wae, nanging meh kabeh kang ngrasakake angele ngupadi upa ing mangsa pageblug iki. Yen tak rasak-rasake Penggaweyan saya jarang lan kabutuhan saya larang. Ora maido yen akeh uwong padha sambat, luwih becik sambat tinimbang megawe jahat kanggo nyukupi kluwarga sing dirumat. menawa wae ana tatanan urip sing luwih becik sawise pacoban agung iki.

Anggonku jagongan gaayeng banget karo Pak Tohari nganti ora krasa wektu lumaku cepet, keprungu saka kadohan speaker stasiun ngumumake yen Probowangi sedhela maneh tekan ing setasiun. Katon Bapak-bapak Porter tuwa jejer-jejer nawakake tenaga, tukang-tukang ojek padha mapag tekane penumpang sajak ngarep-arep rejeki dina iki. Nanging jebula kang teka lan mudhun saka sepur cacahe mung sithik banget merga peraturan perjalanan KA sing matesi jumlah penumpang lan riwayat peyakit.

Tingarah ora ana siji wae penumpang kang nggunakake tenagane Porter lan Ora ana sing migunakake Jasa Ojek amerga kabeh padha dipapag keluargane dhewe. Senajan Ngrantu gusti andum rejeki kanthi panas lan lungkrah sing ora tiba saiki, para kawula mung saderma pasrah lan sabar, menawa rejiki dina iki dudu saka Probowangi. Mugi gusti, Sri Tanjung lan Tawangalun mengko bengi bisa ngebulake pawon sesuk esuk nganti bengi. Bok mewana iku kang ana ing batine para porter lan ojek setasiun.

Ora let suwe anggonku nglamun sinambi nyawang wong-wong sing ana ing setasiun, pundhakku di gepuk adhiku sing lagi tas wae mudhun saka sepur

“Mas Sampeyan iwangi gawa, barangku akeh.”

“Oh iya iya, Waras le?” Sautku sambi tak candhak Tase

“Alhamdulillah sehat mas, ayoh gek wangsul!”

“Oh ya ayoh, Mangga Pak kula Riyin” Sambi Ngaruh-aruhi pak Tohari aku banjur menyat mlebu Montor lan bali mulih.

Pojok Setasiun dadi seksi Mulya lan Sarane manungsa, tamba kangen lan abote ditinggal lunga. Pojok Setasiun papan nyuntak rasa kangen, pangarep-arep lan angen-angen. Pojok Setasiun dadi sawangan para kawula kang nyadhong satitik pangan. Pojok Setasiun ninggal tetamba lan uga tatu. Anggonku dedoga muga sakehing pacoban tansah pinaringan kasabaran.

 

Banyuwangi, September 2021

Komentar

Postingan Populer