CATHETAN WALI KELAS

 

CATHETAN WALI KELAS

Dening : Ferdyansyah Karna’in

 

 

Isih panas kenthang-kenthang nalika sepedah montor ShogunR tuwa duweke pak Vindra melah dalanan lebu kidule pasar Ngandong. Sesawangan sakiwa tengene dalan mung ana kebonan jeruk sing isih padha brindil wohe merga lagi wae mungkur mangsa panene. Sakeplasan aku kelingan tetembubgane para wali murid kang lagi wae dak parani merga putra-putrane rada ana masalah ing sekolahan. Amarga aku mulang Ana ing SMK, tegese masalah kang dak temoni ing kalangane murid ya matumpuk-tumpuk lan maneka werna. Apa maneh ing daerahku Banyuwangi kidul, rata-rata para wog tuwa nitipake anake marang kluwargane, embuh iku dititipake marang adhine, kakang mbkyune utawa wong tuwane. Anane nitipake anak marang kluwarga iku jalaran rata-rata masyarakat ing kene dhemen banget lunga nyambut gawe adoh paran. Ana sing wedoke dadi TKI luar negeri, ana sing neng Saudi, ana sing neng Hongkong, Taiwan, Korea dene lanange ana sing neng Bali, Lampung uga Kalimantan, awit kabutuhane rumangsa ora kacukupan yen mung ngendelake pegaweyan ing desa.

Salah siji muridku sing jenenge Tomo, lagi wae mungkur dak parani neng omahe amerga 13 dina ora mlebu sekolah tanpa katrangan. Anggonku goleki omahe nganti nyajah desa milangkori. Omahe ana ing tengah bulak sawah, katon apik dhewe timbang omah tangga teparone sing mapan ing dhusun Sumberkembang kana. Bok menawa aku lan pak Vindra murang tata, bedhug plethek usume wong leren maradhayoh neng omahe uwong. Nanging ya kepriye maneh hla wong wis dadi kewajibane guru, luwih-luwih Wali Kelas. Senajan status isih Guru Honorer ning yen kewajiban ya kudu tetep professional. Menawa ana Unen-unen ngene, bayaran oleh dolanan ning masa depan generasi bangsa ora kena dinggo dolanan.

kanthi rasa semu pekewuh dak thothok lawang omahe muridku mau,

 "Kulanuwun, Assalamualaikum"

"Nggih,Wa’alaikumsalam sinten nggih? Saking pundi?" Pitakone wong wadon setengah tuwa nalika bukak lawang. Aku wis rumangsa ora kepenak merga ngrusuhi wektu lerene.

“Kula saking sekolahan bu, badhe wonten perkawis kang radi wigatos.” wangsulanku semu manthuk sajak pekewuh.

“oh, nggih mangga pinarak rumiyin!”

Watara ana limalas menit anggonku jagongan ngalor-ngidul klawan wong wadon mau kang prayata simbah wadone Tomo muridku. Kanthi rasa rada pekewuh aku lan pak Vindra bajur nakonake kahanane si Tomo, apa saebabe kok ora mlebu sekolah 13 dina. Saiba kagete Simbah mau awit krungu pitakonaku.

“Hloh, Napa nggih boten mlebet sekolah ta pak? Wong bendinten larene pamit kula, kula bontroti sekul kula sangoni, nggih macak sekolah niku.” Ngendikane si Mbahe Tomo semu gumun.

“Nggih mbh saestu, wayahe jenengan menika boten mlebet sekolah pun 13 dinten nggh boten wonten kabar ugi, Kinten-kinten mbh, biasane wonten sarengane napa boten pas bidhal sekolah tholene?” pitakonanku semu nggolek informasi tambahan.

“Nek biasane niku bidhale kalih Angga etan niki, meh bendinten niku.” Wangsulane si mbah e Tomo.

“Hlah nggih niku mbah, Angga niku nggih sami mawon, kala wingi tiyang sepuhe Angga sampun tindak sekolah, rerembakan dos pundi Angga kersane purun sekolah ning tetep mawon boten purun, akhire mbh kakunge nyuwun pengunduran dhiri Angga mawon nuruti napa karepe.” Ngendikane pak Vindra sambi negesake. Pak Vindra iku salah siji guru BK kang ana ing Sekolah, mula masalah siswa siji lan liyane bisa ngerti sebab lan sambung rapete.

“Owalah criyose ngoten to pak, hla pripun pak wong kula naming dititipi, kula nggih pun sepuh upami Putu ngomong napamawon nggih rumas kula nggih jujur. Upami kula ken ngawasi terus nggih pun boten kiat pak, bapak ibuke sedaya ten Bali medamel. Winginane nggih larene boten purun sekolah nyuwun ditumbasne sepeda anyar, hla niku sepeda motore pun ditumbasne kalih bapake, rumas kula nggih pun sregep anggene sekolah mergi pun dituruti karepe.” Ngendikane simbah samba ngelus dhadha ngarasakae kelakuane putune.

Menawa rumangsa yen arep mutusi apa-apa ora bisa merga ya dudu anake dhewe lan rumangsa wis sepuh ora bisa ngawasi bocah kanthi utuh kaya nalika nom biyen. Banjur aku lan pak Vindra pamit bali menyang sekolahan sawise ngaturi surat undangan kanggo wali muride Tomo supaya rawuh ing sekolah dina senin besuk. Rerembugan kepriye genahe ing sekolahan, terus sekolah apa mundur, yen mundur enggal-enggal tanda tangan surat pengunduran diri merga cathetan pelanggaran lan akademike Tomo uwis memenuhi syarat kanggo Tomo ora diunggahke kelas.

Dumadakan lamunanku buyar nalika montor pickup jerukan nglakson banter ko buri merga anggone pak Vindra numpak sepeda kenengahen. Nglamun ora karuan merga pengalaman pisanan nandangi masalah siswa ing SMK, apa maneh masyarakat kene akeh sing dhemen banget ninggal anake bara ing luar Jawa lan luar negeri. Ya ngono  iku bisa dadi kacabenggalane dhewe kabeh menawa sing dibutuhake anak iku ya welas asihe wong tuwa, dudu diuja karo bandha donya. Paribasan anak polah bapa kepradhah, ya iku becik lan alane anak, mulya lan asore anak iku setuhune tanggung jawabe  wong tuwa dudu simbahe dudu paman utawa bibine apa maneh wong liya sing dudu sanak dudu kadang. Guru paring ngelmu lan tata karma sasuwene sekolah, hla yen wong tuwa nggulawenthah wiwit laire putra nganti mlebu lemah.

 

Banyuwangi September 2018

Komentar

Postingan Populer